Tembang sinom ada di dalam Serat Wulangreh yang ditulis atau dikarang oleh Sultan Paku Buwana IV. Disalam Serat Wulangreh, terdapat beberapa tembang yang lain. Seperti Maskumambang, Dhandang gula, Mijil, dll. tetapi yang kita bahas kali ini adalah Sinom.
Tembang sinom berisi bab watak dasar dari manusia. Manusia terdiri dari beragam watak dan karakter. Dan pada bab Sinom ini, kita bisa mempelajari satu-persatu karakter manusia. Berikut beberapa tembang Sinom.
1. Ambege kang wus utama,
tan ngendhak gunaning janmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere denalingi,
bodhone dinonok ngayun,
pamrihe den inaa,
aja na ngarani bangkitt,
suka lila denina sapadha-padha.
2. Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sundekek ngarsa,
isin menek denarani,
balilu ing sujanmi,
nanging batinisun cubluk,
parandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngarsa prandene sugih carita.
3. Tur duk isun maksih bocah,
akeh kang amituturi,
lakuning wong kuna-kuna,
lelabetan ingkang becik,
miwah carita ugi,
kang kajaba sanking ngebuk,
iku kang aran kojah,
suprandene isun iki,
teko ora nana undhaking kabisan.
4. Cariti nggoningsun nular,
wong tuwa kang momong dhingin,
akeh kang sugih carita,
sun rungokken rina wengi,
samengko maksih eling,
sawise dewasa ningsun,
bapak kang paring wulang,
miwah ibu mituturi,
tata-karama ing pratingkah kang raharja.
5. Nanging pada ngesto kena,
pitutur kang muni tulis,
yen sira nedya raharja,
anggonen pitutur iki,
nggoningsun ngeling-eling,
pitutur wong sepuh-sepuh,
muga padaha bisaa,
anganggo pitutur becik,
ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.

0 komentar:
Posting Komentar